Ki Ageng Kedungsari
Ki
Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi
anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing
bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe
kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah
wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang
sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let
pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana
prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur
kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo digawa
menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa
dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika
wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna
panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi
mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha
yen Ki Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo
anake lanang Ki Ageng Kedungsari.
Krungu
mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake wadon
kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa
gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng
Rajekwesi.
Pangandikane
Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng
Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah.
Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika
wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane
marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng
Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima
marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane
marang anake, dheweke nglilakake gajahe kanggo mas kawin.
Banjur
warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe
kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine
serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin.
Mula Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing
arep menyang Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu
Gede. Ki Watu Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen
wis entuk hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog,
banjur Ki Ageng Menawan entuk gajahe.
Ora
let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu
Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah
kuwasane wong liya.
Nalika
utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng Menawan
ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng
Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan
kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur
Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede
uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing
kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki
Ageng Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede
entuk bokong lan buntute.
Saka
prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong
sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan
trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula
saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake
ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga
ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara
0 komentar:
Posting Komentar