Amenangi Zaman Preman
DIAKONI apa ora, preman Jawa ana tenan, tur wis kaya langes lampu,
metengi jagad. Anehe, ana sing seka lair pancen duwe gawan bayi dadi
preman. Yen ing crita wayang, wong-wong ngene iki mesthi disimping ing
sisih kiwa. Akeh-akehe preman mau lair kanthi rai abang. Jenenge wae
kinanthenan tembung ”Dur”, ateges ala. Coba digagas, jaman trekahe
Dursasana ngudhal-udhal kasemekane dewi Drupadi. Seka kisah iki, nganti
tuwuh prajanji, sang dewi durung pati-pati adus kramas, yen ora nganggo
getihe Dursasana —ateges ngenteni bedhahe Perang Baratayuda.
Ngono iku trekahe preman sing ndrawasi, merga kelayu napsu supiah,
nganti nuwuhake dredah. Nganti entek-entekake nyurung nafsu aluamah lan
amarah, merga rebutan lemah sing ora barokah. Pawadane mung rebutan
Lenga Tala, ateges panguwasa, nganti tekan wanita. Watak premanisme
Dursasana wis ngobong urube perang gedhe. Malah anehe uga dijurung
dening kadang-kadang Kurawa liyane, utamane Duryudana, pengin ngukuhi
bumi Ngastina. Kala-kala uga sok ana lakon carangan kang wose Kurawa
njaluk bantu marang dewa-dewa sing jiwane katut ambyur dadi preman.
Lakon-lakon kayata Resi Cakrabawana, Begawan Kilat Buwana, Semar
Mbangun Kahyangan, Wisanggeni Gugat, Pandhuswarga, Prabu Dasakumara, lan
sapanunggalane —ora wurung ngemot premanisme dewa. Malah Bathara Guru
wae asring katut pengin mitenah Pandawa. Najan pepuntone, dewa sing
melu-melu preman mau kudu ndheprok merga diempoki Semar, kapokmu kapan!
Durung meneh yen nyemak kisah-kisah heorik Jawa liyane, jebul jagad
iki wis dikepung preman. Paraga-paraga kayata Minakjingga, Dasamuka,
Arya Penangsang, Jaka Puring, Kalasrenggi, Klana Sewandaka, Ken Arok,
Dewatacengkar, lan sapanunggalane tetela tau ngrasakake jejer
premanisme. Napas sudra lan angkara murka budi candhala sing ngisi
keteging jantung preman. Dheweke mbokmenawa duwe gegebengan: ”Urip
sepisan dijupuk manise, emoh rekasane.” Yen cara buta, dheweke pengin
”nguntal malang” isen-isening donya. Yen brangasan, ya pengin ngemperi
jagad, pengin ngelun jagad saisine.
***
KIRAKU, tekan jaman embuh kapan, preman Jawa ora bakal entek. Watak
”Dur” (dur angkara, dur sila, durjana) isih akeh ngembangi donyane
peprentahan iki. Pancen nyepet-nyepeti donya preman iku. Merga sipate
preman sing ngumbar angkara murka, mburu sing cepak sinandhing, ngoyak
sing enak kepenak, kelayu gebyaring pupu, kecopake iwak, lan
kemrimpyinge dhuwit, wong-wong sing maune resik sok ketularan. Wong sing
maune becik, malik ngluwihi maling. Lha koruptor treliyunan, milyaran,
iku apa dudu preman kelas kakap?
Mangga wae. Sing genah, R Ng Ranggawarsita wis menehi pepeling,
menawa negara Jawa iki wis akeh ”kaji-kaji mbanting kethu, wong
alim-alim pulasan”, kaya kang kacetha ing Serat Kalatidha, preman saya
ngembrah. Luwih-luwih, angger wong-wong wis dha seneng ”njupuki lompong
seka papan jember, dienak-enik, dadi tamanan edi, iki wis cepak tanduke
brahala.” Haratayah!
Coba digagas wawas sing wening. Piye ramutane kisah Brandhal
Lokajaya, kang samengko nunggal misah karo Sunan Kalijaga? Samono uga
Mas Cebolang ing Serat Centhini. Dheweke putrane Pendhita Akidiyat ing
Sokayasa Banyumas, rupane nggantheng nanging nakale ngudubilah —gelem
ngrampok lan dolanan asmara.
Satemene ora sithik kisah preman Jawa kang luwih degsiya. Kepriye
trekahe Warok Suromenggala ing kisah Suminten Edan, kisahe Jaka Tingkir,
Narayana Mlebu Maling, Samba Sebit, lan sapiturute —kabeh kelepetan
napsu preman. Wong sing sekawit apik bisa malik. Kabeh napsu preman mau,
kadereng seka rasa dhiri. Rasa kang manut Ki Ageng Suryamentaram sok
”mulur”, njur mungal dadi rumangsa sekti dhewe, kuwat dhewe, dhug-dheng
samaladheng, sekti mahambara, njur sok mbalela. Wong-wong kang rumangsa
linuwih, asring ketutupan mendhung atine, njur ana sing wani mbondhan
tanpa ratu. Dheweke tegel njarah rayah, embuh kanthi peksan apa
alus-alusan, nere padha wae bosok.
Preman Jawa sing wis gawan bayi lan sing salah kedaden mau, minangka
simbolisme Jawa. Dheweke dadi sasmita lungit mubale hawa nepsu amarah,
rupane abang mangar-mangar, kedadeyan seka getih, mapane ing kiblat
papat lima pancer sisih kidul (duksina). Mula, wong-wong sing dha lali
marang jejering dhiri mau sok diarani ora ngerti purwa duksina. Purwa
(witan, wetan) utawa sangkaning urip lan duksina (napsuning amarah). Ora
ngerti purwa duksina, ateges lali marang jejer kawitan (lor kidul),
yaiku jaman ana emanasi Pangeran kang wis manjing ing jagade manungsa.
Jaman emanasi, manungsa iku kepanjingan dzat Jati, rumasuk ing roh
ilapi (rasa sejati), mencar dadi 4 anasir, yaiku bumi, geni, angin, lan
banyu. Menawa anasir geni kang mubal, ateges amarah kang paling menang,
saengga nuwuhake jagad preman sing ora karuwan iku. Mula wis dadi
sipating geni, pengin ngobong, pengin menang, pengin unggul, lan kadhang
kala sapa sira sapa ingsun.
Yen amarah mau ketambahan napsu supiah lan aluamah, ndadekake
pribadine manungsa gonjang-ganjing. Atine menungsa sarwa peteng, tanpa
kendhali, njur nggrangsang, sok nggege mangsa. Napsu mutmainah kang
dumadi seka anasir banyu, putih warnane malik bonteng-bonteng. Mutmainah
kabotan ngusung lan ngendhaleni anasir lemah, geni, lan angin tumuju
ing pancen (Gesang Kita Pribadi). Akibate, jagade manungsa saya botsih,
ora harmoni. Yen wis ngene iki, kisah-kisah peteng sing kliwat ting
jredhul watak mbrandhal, tegel maeka, ndhugal ora ketulungan, lan
cemithak preman Jawa kang nggegirisi. Ora mung tega nyolong, ngrampok,
lan ngecu, ning wong sing jiwa gentho mau gelem mulasara.
Lelakon ma-lima wis dilalap entek. Sajake weruh wutahing getih wis
dudu apa-apa, sing baku dheweke ngeruk untung, najan atine buntung.
Watak ala kang adigang-adigung adiguna, persis kidang ngendelake bisa
mlumpat, kaya gajah ngungalke gedhene, lan kaya ula ngungaske upase
mandi, jiwane malik ngangah-angah kang dipepundhi.
Satemene, wong Jawa wis duwe cekelan mbusak premanisme. Preman sing
dadi leletheging jagad gelah-gelahing bumi, bisa dipapras tapis srana
gegebengan luhur ing Serat Wulang Reh kang muni: ”dedalane guna lawan
sekti, kudu andhap asor, wani ngalah luhur wekasane, amendhaka yen na
kang ngladaki, bapang den simpangi ana catur mungkur.” Dalane wong
mulya, piguna, sekti, dudu seka anggone ngumbar hawa, nanging seka
patrap andhap asor. Patrap susila anoraga, suthik nyimpen
tembung-tembung trocoh (saru), lan tembung pisuhan. Gajege, ana tindak
ala (bapang) lan jember (bathang), disimpangi.
Watak Jawa kang kasebut pungkasan iku, klebu nepsu mutmainah, merga
dumadi seka banyu perwitasari, mrentul seka tlutuh kumalasari. Nalika
campuring rasa mulya jalu-estri, mutmainah iku kang kajibah nuntun tekan
pepadhang. Nepsu iki kang nyirep ubaling geni (amarah), ngeker kang
dhemen nggedhekake puluk (aluamah), lan nggiring angin (supiah), tumuju
ing rasa sejati.
Mula seka iku, premanisme Jawa bakal tingkes tapis, lamun Gesang kita
Pribadi bisa nyekel kendhali, kaya lelagone Ki Dhalang: ”Bocah bajang
nggiring angin, anawu banyu segara, pangirite kebo dhungkul, sasisih
sapi gumarang.”
Tegese, bocah bajang iku pancering urip (pribadi) kang kasinungan roh
joharmanikem. Dheweke bakal mekak nepsu papat, yaiktu nggiring angin
(supiah), nawu banyu segara (mutmainah), pangirite kebo dhungkul simbole
wong bodho utawa amarah, lan sasisih sapi gumarang (aluamah). Yen wis
ngono iku, pancer bakal nyorotake cahyaning Panembah Jati lebar ki
dhalang njogedake wayang golek (golekana wose), kanthi gegebengan:
”jaya-jaya wijayanti, sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti.”
Kabeh kuwanen, kekendelan, watak degsura, ndhugal, preman lan sapiturte
—ajure dening manembah jati. Njur tancep kayon. Kabeh pakarti ala becik,
bener luput, satriya-preman, bakal kewiyak nalika manungsa wus nuju
sangkan paran, jagad ginulung.
Jumat, 20 Desember 2013
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar