Nalika
tekan sangarepe bengkel sepedha montor Maju Lancar, Rendi ndeleng
Tarmidi lagi lungguh ing bangku dawa njero bengkel kono. Rendi banjur
ngenggokake sepedha onthele, nyedhaki Tarmidi. Lik Sardi sing duwe
bengkel uga ngrangkep tukang servis lagi nyambut gawe nyethel knalpot.
Tangan kiwa lan tengene gupak oli.
“Wah, sajake sepedha montor anyar iki duwekmu, Di ?” pitakone Rendi
nyedhak karo milang-miling ngingeti sepedha montor sing ketara isih
gres mambu toko.
“Ya, olehe tuku isih entuk patang dina. Entuk kiriman dhuwit saka Ibu
sing nyambut gawe ana Malaysia, njur aku ditukokke sepedha montor.
Saiki Lik Sardi takkon nyetel knalpote ben unine banter nggo
trek-trekan Imlek mengko bengi,“ aloke Tarmidi karo mesam-mesem seneng,
sajak kepranan karo sepedha montore sing modhel anyar kuwi.
“Lho, iki mau Rendi, to? Piye knalpote iki wis tak setel, unine
mesthi banter mbrebegi kuping. Piye Ren, kowe sida melu Tarmidi
trek-trekan mengko bengi?“ sumambunge Lik Sardi karo nyetater mesin
sepedha montor. Byuh, unine jan mbedhah kuping tenan. Rendi meksa
nyumpeti kupinge kiwa tengen nganggo drijine. Suwalike Tarmidi malah
ngguyu lakak-lakak, sajak seneng banget.
“Piye wis cocog ora. Yen isih kurang banter mengko tak bedhele maneh” pitakone Lik Sardi karo mateni kontak mesin.
“Wis cukup Lik. Piye Ren, sida gelem melu trek-trekan karo aku pa
ora?” pitakone Tarmidi. Rendi mung gedheg, ora gelem. Karo maneh wong
tuwane mesthi ora ngijini.
“Ora, aku wedi. Aku arep ndeleng Barongsai wae,” kandhane Rendi banjur pamit mulih.
Tarmidi najan isih bocah kelas siji SMP, nanging nakale ora jamak.
Yen ing sekolah wis ora pisan pindho padu karo kanca-kancane. Uga wis
bola-bali didukani gurune, nanging meksa durung kapok. Omahe kepetung
cedhak karo omahe Sasono. Ibune nyambut gawe dadi Tenaga Kerja Wanita
ing negara Malaysia. Ing ngomah, Tarmidi mung bebarengan karo bapake
sing saben dinane nyambut gawe dadi Satpam ing pabrik sepatu.
Tekan omah, Rendi banjur ngaturake obat watuk marang bapake, sing
dhek mau tuku saka tokone Abah Kamal. Bubar kuwi Rendi banjur
ngrewangi ibune resik-resik nyaponi ruwang tamu. Rendi seneng awit
bapak lan ibune janji ngajak mirsani pagelaran Barongsai mapak tekane
taun Imlek sing digelar sangarepe klentheng sacedhake alun-alun kutha.
Jam loro awan sidane Rendi ndherek bapak lan ibune menyang alun-alun.
Wong telu boncengan numpak sepedha montor ngupengi kutha sing pancen
swasanane rame. Sadalan-dalan kebak wong lan kendharaan. Sajake kabeh
wong padha selak kepingin ndeleng kesenian Barongsai, ngramekake tekane
taun Imlek.
Ing alun-alun swasanane regeng banget. anang wadon gedhe cilik, nom
tuwa tumplek bleg ngebaki alun-alun kutha. Wong adol panganan maneka
warna. Apa maneh sing jenenge tukang bakul dolanan prasasat payu laris
manis nganti entek gusis. Pas jam telu awan, pagelaran Barongsai
diwiwiti. Swarane jidhor lan tambur ditabuh rame banget. Ora let suwe,
siji mbaka siji grup Barongsai tampil ing plataran klentheng sing
jembar. Grup Barongsai padha mamerake ketrampilane dhewe-dhewe. Para
pamirsane uga padha seneng, malah kepara menehi semangat nganggo
keplok. Semono uga Rendi ora gelem keri, nonton nggon
ngarepan. Apamaneh nalika grup Barongsai Dragon melu ngregengake
pagelaran kuwi, Rendi melu keplok rame. Awit grup Barongsai Dragon kuwi
dipimpin dening Koh Bak Liong, salah siji tangga cedhak omah nunggal RT.
Pagelaran Barongsai Imlek kuwi sajake uga narik kawigaten para
wartawan suratkabar lan televisi. Ketara saka kerepe para wartawan
njupuk gambar atraksine Barongsai. Warta lan gambar Barongsai kuwi
bakal kapacak ing suratkabar utawa ditayangake ing televisi.
Pagelaran Barongsai mapak tekane taun anyar Imlek dipungkasi pas jam
setengah lima sore. Rendi bebarengan bapak ibune bali mulih. Ora lali,
mampir bakul adol kacang godhog lan martabak. Ibune sing tuku, jarene
nggo camilan melekan ing omah ngiras nonton siyaran televisi.
Nalika sepedha montor lagi wae mlebu gang kampung, dumadakan ing
sangarepe omahe Tarmidi katon kebak wong. Sepedha montor banjur mandheg.
Wong telu banjur padha mudhun nyedhaki, golek katrangan ana kadadeyan
apa.
“Tarmidi kacilakan, truk ngemot pasir pinggir dalan ditubruk saka
mburi. Sepedha montore ringsek. Bocahe teng griya sakit, tatune sajake
rada abot,” aloke sawenehing warga.
“Oooaalaa bocah durung cukup umur lha kok diumbar wae nyetir
dhewekan, apa maneh ora duwe SIM pisan,” sumambunge warga liyane semu
nyalahake wong tuwane Tarmidi.
Keprungu yen Tarmidi nandhang kacilakan, sauntara Rendi mung
dheleg-dheleg. Sebab dhek awan, Tarmidi meksa arep ngajak dheweke melu
trek-trekan sepedha montor. Tujune pangajak mau ditolak. Saumpama Rendi
sida melu ngono, banjur piye kadadeyane.
“Alhamdulillah, aku isih tansah pinaringan begja keslametan,” pangudarasane Rendi ing batin.
Kadadeyan sing dialami dening Tarmidi kena kanggo tepa tuladha, yen
sok sapaa wae nindhakake samubarang tanpa petungan akeh sithike bakal
nemoni apes. Kaya sing dialami dening Tarmidi, karepe ngono golek
kasenengan, nanging temahan entuk kacilakan.
-------------------------------------------------Sekian---------------- ------------------------------------
0 komentar:
Posting Komentar