Cerita Pendek Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana
Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune
mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol
daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus
golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune
sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa
isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah,
kurang pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging
dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing,
empale bakalan tiba ning njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh
tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning
tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa
mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe
nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak
Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme
arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne
Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga
ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)
http://duniashinichi.blogspot.com/2012/11/cerita-basa-jawa-kucing-sing-pinter.html
0 komentar:
Posting Komentar