PUPUH X
M I J I L
M I J I L
01
Poma kaki padha dipun eling, ing pituturingong, sira uga satriya
arane, kudu anteng jatmika ing budi, luruh sarta wasis, samubarang
tanduk.
Harap kau ingat nasihatku ini, Nak. Engkau juga disebut sebagai
kesatria, harus halus dan hening hatimu, lembut, dan cerdas dalam segala
hal
02
Dipun nedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasona yen durung
masane, kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin, den samar ing
semu.
serta berusahalah utuk berani, namun jangan sampai terihat,
bahkan jika belum waktunya jangan sampai keberanian itu kau perlihatkan,
hati-hati, sabar, dan rahasiakan
03
Lawan densemu lawan den lungit, maneh wekasingong, aja kurang iya
panrimane, yen wis tinitah dera Hyang Widhi, ing badan punika, pan wus
pepancenipun.
Melalui isyarat dengan cermat. Di samping itu, pesanku, jangan
lupa bersyukur atas karunia Yang Mahakuasa dengan kodrat yang
menyertaimu
04
Kang narima satitah Hyang Widhi, temah dadi awon, lan ana wong tan
narima titahe, wekasane iku dadi becik, kawruhana ugi, aja selang surup.
(meskipun demikian) ada orang yang tidak bersyukur malah bernasib
baik, sedangkan orang yang bersyukur bernasib jelek. Pahamilah, jangan
sampai kau keliru
05
Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing
bodhone, iku wong narima norabecik dene ingkang becik, wong narima iku.
Jika ada orang bodoh tetapi tidak mau bertanya dan tidak manu
menerima kodrat kebodohannya, itu tidak baik. Adapun yang baik adalah
yang menerima dengan syukur
06
Kaya upamane wong angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas
ketekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas
kang panuju.
Seperi orang yang mengabdi kepada raja, lama-kelamaan akan
terlihat kemampuannya, (akhirnya) diangkat sebagai menteri atau bupati
atau tercapai seluruh keinginannya
07
Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani
matane, sihing gusti tumeking nak rabi, wong narima becik kang mangkono
iku.
Kemudian bersyukur secara lahir dan batin dengan tidak menolak
perintah rajakarena merasa bahwa semua yang diterimanya sampai ke anak
istri adalah atas kasih sayang raja. Orang yang bersyukur seperti itu
baik.
08
Nanging arang iya wong saiki, kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo
salawase, yen wis ana lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing
wiwitanipun.
Namun sangat jarang orang jaman sekarang orang seperti itu. Yang
sering terjadi adalah sal sudah memiliki kedukukan meskipun kecil akan
melupakan asal-usulnya
09
Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula
mulane, witing sugih sangkane amukti, panrimaning ati, kaya anggone
nemu.
Perasaanya miliknya itu hasil pribadi, semua benda yang
dipergunakan tidak diingat asal-usul bagaimana ia menjadi kaya, bahkan
dikiranya diperoleh begitu saja seperti hasil nemu
10
Tan ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya
iku mulane, arane turun wong lumakyeng kardi, tyase tan saririh, kasusu
ing angkuh.
Tidak merasa atas kemurahan Yang Mahakuasa itu berkat kasih
sayang raja. Itulah sebabnya jaman sekarang jarang orang yang mewariskan
kedudukan (kepada keluarganya) karena ia tidak sabar, tergesa-gesa, dan
sombong
11
Arang nedya males sihing Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing
kabehing batine, nora nedya narimeng Hyang Widdhi, iku wong tan wruh
ing, kanikmatanipun.
Jarang orang yang berkeinginan untuk membalas kasih sayang raja,
raja dari segala raja. Dalam batinnya tidak bersyukur atas anugrah Yang
Mahakuasa, (orang seperti itu) tidak merasakan kenikmatan
12
Yeku wong kurang narima ugi, luwih saka awon, barang gawe aja
age-age, anganggoa sabar rereh ririh, dadi barang kardi, resik tur
rahayu.
Atau orang yang tidak tahu bereterima kasih (menyebabkan
segalanya) menjadi buruk. Jangan tergesa-gesa dan selalu bertindak
sabar, tenang, dan cermat sehingga pekerjaan menjadi baik dan
mendatangkan kenikmatan
13
Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira ngupados, undhaking ing
kapinterane, lan undhake kawruh ingkang yekti, durung marem batin lamun
durung tutug.
Ada pula orang yang sudah pandai namun masih mencari kepandaian
yang melebihi kepandaian dan pengetahuannya, ia belum merasa puas jika
belum sempurna
14
Ing pangawruh kang densenengi, kang wus sem ing batos, miwah ing
kapinteran wus dene, samubarang pakaryan wus enting, nora nana lali,
kabeh wus kawengku
Pengetahuan yang dia senangi dan sudah tertanam di dalam batin,
segala pekerjaan sudah mampu ia lakukan, tidak ada yang terlupakan,
semuanya sudah ia kerjakan
15
Lan maninge babo dipun eling, ing pituturingong, sira uga padha
ngempek-empek, iya marang kang jumeneng Aji, ing lair myang batin, den
ngarsa kawengku.
Dan lagi, ingatlah nasihatku. Kalian semua bernaung pada raja. Oleh karenanya, merasalah secara lahir dan batin
16
Kang jumeneng nata ambawani, wus karseng Hyang Manon, wajib padha
wedi lan batine, aja mamang parintahing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi
Ratu.
Bahwa yang menjadi raja memerintah Negara,itu merupakan kehendak
Yang Mahatahu, oleh karenanya,jangan ragukan perintahnya. Meskipun masih
muda namun menjadi raja
17
Nora kena iya den waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener
prentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan
rahayu.
Tidak boleh dicela. Perintah raja adalah benar adanya, maka
bagaimanapun mau menghindar dan tidak menjalankan perintahnya pasti
tidak akan membawa kebajikan
18
Krana ingkang kaprah mansa iki, anggone angrengkoh, tan rumangsa
lamun ngempek empek, ing batine datan nedya eling, kamuktene ugi, ngendi
sangkanipun.
Yang lumrah di masa kini adah mendaku, tidak merasa dirinya
bernaung, bahkan dalam hatinya tidak mau mengingat asa-usul (kemuliaan
itu)
19
Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan ngrengkoh, saka durung bisa
ngrasakake, ing pitutur engkang dingin-dingin, sarta tan praduli,
wuruking wong sepuh.
Jika ingat asal-usul kemuliaan itu, pasti ia tidak akan sombong.
(hal itu terjadi) karena ia belum dapat memahani nasihat orang terdahulu
dan tidak perduli nasihat orang tua
20
Ing dadine barang tindak iki, arang ingkang tanggon, saking durung
ana landhesane, pan nganggo karsane pribadi, ngawag barang kardi, dadi
tanpa dhapur.
Sehingga segala tindakannya jarang yang kokoh karena belum
memiliki dasar dan menurutkan kehendak pribadi, ngawur, dan tanpa aturan
21
Mulanipun wekasingsun kaki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken
bodhone, saking bodho witing pinter kaki, mung Nabi kakasih, pinter
tanpa wuruk.
Oleh karena itu nasihatku, Nak, rajinlah bertanya, angan malu
menampakkan kebodohan, kepandaian itu berawal dari kebodohan, Nak. Hanya
Nabi terkasih yang pandai tanpa berguru
22
Sabakdane datan ana maning, pinter tanpa tetakon, pan wus lumrahing
wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ngelmi, dadya
pikukuh.
Sesudah itu tidak ada lagi (orang) yang pandai tanpa bertanya.
Bukankan sudah lazim kehidupan jaman sekarangbahwa kepandaian diperoleh
karena bertanya. Oleh karena itu, orang muda rajinlah mencari ilmu
sebagai pegangan
23
Driyanira dadya tetali, ing tyas dimen adoh, akeh ati ingkang ala
kiye, nadyan lali pan tumuli eling, yen wong kang wus ngelmi, kang
banget tuwajuh
Inderamu jadikan sebagai ikatan jiwa yang kuat agar kehidupanmu
dijauhkan dari kejahatan. Bagi orang yang berilmu dengan sempurna,
meskipun lupa, ia akan segera ingat
24
Kacek uga ingkang tanpa ngelmi, sabarange kaot, ngelmi iku dene
kangge, saben dina gurokena dhingin, pan sarengat ugi,parabot kang
parlu.
Berbeda halnya dengan orang yang tidak berilmu, segalanya
berbeda. Gunakan ilmu dan asahlah setiap hari. Bukankan syariat juga
merupakan kewajiban?
25
Ngelmu sarengatpuniku dadi, wewadhah kang sayektos, kawruhana
kawengkune kabeh, kang sarengat, kang lair myang batin, mulane den sami,
brangtaa ing ngelmu.
Inderamu jadikan sebagai ikatan jiwa yang kuat agar kehidupanmu
dijauhkan dari kejahatan. Bagi orang yang berilmu dengan sempurna,
meskipun lupa, ia akan segera ingat (brangtaa merupakan isyarat pola
tembang berikut, yaitu asmarandana)
0 komentar:
Posting Komentar