PUPUH VII
D U R M A
D U R M A
01
Dipun sami ambanting ing badanira, nyudha dhahar lan guling, darapon
sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadya sabarang,
karyanira lestari.
Biasakanlah melatih dirimu untuk prihatin dengan mengurangi makan
dan tidur agar berkurang nafsu yang menggelora, heningkan hatimu hingga
tercapai yang kau inginkan
02
Ing pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, mring
sariranira, lamun ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi sabarang,
pakaryanira ugi.
Janganlah ragu terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau
memahami bahwa dalam kehidupan ini ada yang berkuasa, mudah-mudahan
keinginanmu terkabul
03
Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan
priyangga, dudu saking wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama,
singgahana den eling.
Benar salah, baik buruk, serta untung rugi, bukankah berasal dari
dirimu sendiri? Bukan dari orang lain. oleh karena itu, hati-hatilah
terhadap segala ancaman, hindari dan ingat
04
Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira,
yokang telung prakara, poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat
kepati pati.
Bukankah ada tiga perkara utama yang akan membesarkanmu? Ketiga perkara tersebut adalah jangan menyombongkan diri, jangan mecela
05
Lawan aja maoni sabarang karya, sithik-sithik memaoni, samubarang
polah, tan kena wong kumlebat, ing masa mengko puniki, apan wus lumrah,
uga padha maoni.
Dan jangan mengritik hasil orang lain, sedikit-sedikit mengritik,
segala tingkah orang lain dikritik. Memang zaman sekarang sudah lumrah
orang mengritik
06
Mung tindake dhewe datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan
benera, yen tindake wong liya, pasti den arani sisip, iku wong ala,
ngganggo bener pribadi.
Hanya hasil karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa
paling benar. Meskipun benar, jika perbuatan orang lain pasti dikatakan
salah. Hal itu salah karena kebenarannya menggunakan (ukuran) diri
sendiri
07
Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira
eling-eling, aja sugih waonan, den sami salajeng budi, ingkang prayoga,
sapa-sapa kang lali.
Tidak ada perbuatan yang lebih mudah daripada mengritik. Kau
ingatlah, jangan terlalu sering mengritik, selalulah berpikir baik.
Barang siapa yang lupa
08
Ingkang eling iku padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den
nedya raharja, mangkono tindakira, yen tan nggugu liya uwis, teka
menenga, mung aja sok ngrasani.
Dari yang ingat, maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat semoga
bahagia. Begitu seharusnya tidakanmu, namun jika tidak diturut, maka
diamlah, namun jangan membicarakan
09
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung
pratela, ing temen becikira, aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata,
dadi cirinireki.
Kau akan berdosa pada sesame. Begitupun jika kau memuji yang
belum kaubuktikan kebenarannya, jangan terburu-buru memuji, Anakku.
Karena jika tidak terbukti malah akan menjadi celaan
10
Dene kang wus kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing
pangalemira, pan kongsi pandirangan, matane kongsi malirik, nadyan alaa,
ginunggung becik ugi.
Adapun yang sering terjadi pada zaman sekarang adalah jika ada
orang yang disenanginya maka dipuji setinggi langit sampai matanya
melotot, meskipun jelek tetapi tetap dikatakan baik
11
Aja ngalem aja mada lamun bisa, yen uga masa mangkin iya ing
sabarang, yen nora sinenengan, den poyok kapati pati, nora prasaja,
sabarang kang den pikir.
Kalau bisa, jangan memuji atau mencela. Namun kini, jika tidak
disenangi maka akan dicela habis-habisan, yang dipikirkan pun
bermacam-macam
12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang
ora-ora, kabeh kang rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah,
wirangronge gumanti.
Pada awalnya berpura-pura baik, tetapi di belakang diomongkan
yang bukan-bukan, pembicaraan pun berganti (wirangrong merupakan isyarat
pergantian pola tembang beirkutnya, yaitu wirangrong)
0 komentar:
Posting Komentar