PUPUH XIII
G I R I S A
G I R I S A
01
Anak putu den estokna, warah wuruke pun bapa, aja na ingkang
sembrana, marang wuruke wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo
wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguhana jroning nala.
Anak cucuku, turutilah nasihat ayahandamu, dan jangan ada yang
meremehkan nasihat orang tua. Biasakan mendengar nasihat orang tua
secara lahir batin, yakinlah dan teguhkan hatimu
02
Aja na kurang panrima, ing pepasthening sarira, yen saking Hyang Moha
Mulya, kang nitahken badanira, lawan dipunawas padha, asor unggul waras
lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka
Jangan ada yang kurang bersyukur atas takdirmu, sebab takdir
merupakan anugrah Yang Mahamulia yang menciptakan dirimu. Di samping
itu, ketahuilah bahwa hina dan mulia, sehat dan sakit, bahagia dan
celaka, serta hidup dan mati
03
Pan iku saking Hyang Suksma, miwah ta ing umurira ingkang cedhak, lan
kang dawa, wus pinasthi ing Hyang Suksma, duraka yen maidowa, miwah yen
kurang panrima, ing lokhilmahfut punika tulisane pan wus ana.
Itu berasal dari Yang Mahasuci, demikian pula umurmu yang panjang
atau pendek sudah ditakdirkan oleh Yang Mahasuci. Meskipun kau tidak
percaya atau tidak menerimakannya, semua itu sudah tersurat dalam
laukhil mahfudz
04
Iku padha kawruhana, sesikune badanira, aywa marang kang amurba, Kang
Misesa, marang sira, yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring
kang padha wruh ing ma’na, iku kang para ulama.
Sebaiknya ketahuilah hukuman bagimu dari Yang Mahakuasa. Jika kau
belum memahaminya, maka bertanyalah kepada yang sudah mengetahui
maknanya, yaitu para alim ulama
05
Kang wus wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib moka ing
Hyang Suksma, wiwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing
tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal kharam takokeno.
Yang telah menyelami makna kitab agar engkau mengetahu apa yang
dimaksud dengan sifat wajib dan mokal Yang Mahaesa serta wajib dan mokal
makhluk. Demikian pula kau ketahu dank au tanyakan pula tata karma,
syariat, batal, haram,
06
Sunat lan parlu punika, prabot kanggo saben dina, iku uga
dipunpadhang, patakonira den terang, lan aja bosen jagongan, lawan kang
para ulama, miwah wong kang sampun sampurna, kawruhe marang Hyang Suksma
Sunah, dan wajib yang menjadikan kelengkapan sehari-hari. Itupun
pahami hakikatnya secara jelas. Pertanyaanmu hendaknya rinci dan jangan
bosan untuk berbincang dengan para ulama serta orang yang telah sempurna
pengetahuannya mengenai Yang Mahasuci
07
Tanapi ing tata karma, ing tindhak-tandhuking basa, kang tumiba
marang nistha, tuwin kang tumibeng madya, lan kang tumba utama, iku sira
takokena, marang kang para sujanma, miwah mring wong tuwa-tuwa
Demikian pula perilaku tata karma dan pengguaan bahasa yang
berkedudukan rendah, yang berkedudukan sedang, dan yang berkedudukan
tinggi tanyakan pada para sarjana dan orang tua
08
Kang padha bisa micara, miwah wong kang ulah sastra, iku pantes
takonana, bias padhang ing tyasira, ana kinarya gindhelan, pamuruke
mring wong mudha, anuladha basaning sastra, utawa saking crita
Yang bisa bicara dan olah sastra. Mereka itu pantas kau tanyai
agar jiwamu terang serta ada yang dapat dijadikan pegangan karena
caranya dalam menasihati orang muda menggunakandasar dengan memetik
sastra atau cerita
09
Lawan den sregep amaca, sabrang caritanira, aja anampik wawacan,
carita kang kuna-kuna, layang babad kawruhana, caritane luhirira,
darapon sira weruha, lelakone wong prawira
Serta rajinlah membaca segala macam cerita. Jangan memilih
bacaan. Ketahui dan camkan cerita-cerita lama, babad, kisah leluhur, dan
kisah para pahlawan
10
Miwah lakone padha, kang para wali sadaya, kang padha oleh nugraha,
asale saking punapa, sara kang para satria, kang digedaya, lakune sira
tirua, lelebetan kag utama
Demikian pula kisah para wali yang memberoleh kanugrahan,
bagaimana asal-muasalnya. Tirulak kesetiaan dan pengabdian utama para
kesatria yang digdaya dalam perang
11
Nora susah amirungga, mungguh tindhaking satriya, carita kabeh pan
ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang luhur padha, miwah
lakuning nagara, pan kabeh ana carita, ala becik sira weruha
Tidak perlu mengkhususkan pada perilaku kesatria, sebab segala
cerita memiliki bagian yang hina danutama, ada yang hina dan ada yang
agung. Demikian pula kehidupan suatu Negara, ada yang baik dan ada kisah
yang jelek yang seyogyanya kau ketahui
12
Yen during mangerti sira, caritane takokena, ya marang wong
tuwa-tuwa, kang padha weruh ing carita, iku ingkang dadhi uga, undhaing
pinteranira, nanging ta dipunelinga, sabarang kang kapiyarsa
Jika kau belum mengetahui ceritanya, maka tanyakan pada
orang-orang tua yang mengetahui cerita itu dengan harapan dapat menambah
pengetahuanmu. Meskipun demikian, ingatlah semua cerita yang pernah kau
dengar
13
Aja na tiru ing bapa, kalakuwane kang ala, banget tuna bodho mudha,
ketul tan duwe graita, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa,
marang ing pitutur yogya, kabeh padha angestokena
Jangan meniru perilaku buruh ayahandamu yang sedemikian bodoh,
bebal, dan tidak punya perasaan, tetapi mudah-mudahan anak cucuku, Allah
membukakan hatimu pada nasihat yang baik dan kalian semua mematuhinya
14
Marang pituturing bapa, muga padha kalakona, kabehpadha mituruta,
panedhaningsun mring Suksma, lanang wadon selameta, manggiha suka
raharja, ing dunya prapteng akirat, den dohna sangsara papa
mudah-mudahan kalian melaksanakan dan mengikuti nasihat
ayahandamu. Permohonanmu pada Yang Mahasuci, semoga kalian, baik
laki-laki maupun perempuan memperoleh keselamatan dan kebahagiaan di
dunia dan akhirat, serta dijauhkan dari kesulitan dan kesengsaraan
15
Olehe padha kekadhang, pada atut aruntuta, marang sadulure padha,
suguha dunya barana, lan padha sugiha putra, pepeka jalu wanodya,
kalawan maninge aja, nganti kapegatan tresna
Rukunlah persaudaraan kalian, kaya harta dan banyak anak baik
laki-laki maupun perempua, dan jangan sampai putus tali cinta kasih
16
Padha uga den pracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur punika,
poma wahyuning Hyang Suksma kang dhawuh marang ing sira, jalarane saking
bapa, Hyang Suksma paring nugraha, maring anakingsun padha
Di samping itu percayalah danjangan ragu-ragu dalam hatimu
terhadap semua nasihat ini. Anggaplah sebagai wahyu yang disabdakanYang
Mahasuci kepadamu melalui ayahandamu. Semoga Yang Mahasuci member berkah
kepada semua anakku
17
Den bias nampahi padha, mungguh sasmitaning Suksma ingkang padha
marang sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira, kang marang
panggawe ala, kang tumiba siya-siya, ya iku paring Hyang Suksma
Semoga kalian dapat memahami tanda-tanda yang diberikan Yang
Mahakuasa kepada kalian mengenai hal yang baik dan burukmencegah niatmu
dari perbuatan buruk, mencegahmu untuk melakukan hal jahat yang
membawamu ke kehinaan. Itulah berkat Yang Mahasuci
18
Paring peling marang sira, tinuduhken ing marga, kang bener kanggo
kang uga, neng dunya ingkang sampurna, muga anak putu pada, bisa dadi
tuladha, kabecikaning manusa, tinirua ing sujanma
Memberikan peringatan padamu, juga menunjukkan jalan yang benar,
dalam dunia yang sempurna, semoga seluruh anak cucu dapat menjadi surei
teladan bagi kebaikan dan ditiru manusia
19
Sakehing wong kapengina, aniru ing solah bawa, marang anak putu
padha, anggepe wedi asiha, kinalulutan ing bala, kedhepa saparentahnya,
tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira
Dan banyak yang ingin meniru perilaku ank cucuku mengenai sikap
segan dan kasih, disayangi dan dituruti seluruh perintahnya oleh
bawahan, abdikanlah seluruh kemuliaanmu hingga keturunanmu
20
Den dohna saking doraka, winantua ing nugraha, sakeh anak putu padha,
ingkang ngimanaken uga, marang pituturing bapa, Allah anyembadanana,
ing pandhonganingsun iya, ing tyasingsun wus rumasa
Semoga dijauhkan dari segala dosa dan senantiasa diberkati dengan
anugrah. Se,oga Allah mengabulkan permohonanku karena jiwak sudah
merasa
21
Wakingsun umpama surya, lingsir kulon wayahira, pareking surupe uga,
adoh marang timbulira, pira lawase neng dunya, kauripaning manusa, masa
nganti saatus warsa, uripe ana ing dunya
Diriku ibarat matahari sudah condong ke barat, dekat waktu
tenggelam, jauh dari waktu terbitnya. Seberapa lama hidupmu sebagai
mausia, tidak akan sampai seratus tahun kehidypan manusia di dunia
22
Mulane sun muruk marang, kabeh paraputraningwang, suntulis sunwehi
tembang, darapon padha rahaba, enggone padha amaca, ngrasakna carita,
aja bosen den apalna, ing rina wengi elinga
Oleh karenanya, aku mengajarkan kepada seluruh anakku, kutuliskan
dalam bentuk tembang agar semua senang membaca, merasakan (manfaat)
cerita, jangan sampai bosan dan hafalkan, ingatlah baik siang maupun
malam
23
Lah muga padha tirua, kaya leluhure padha, sudira betah atapa, sarta
waskitha ing nala, ing sampurnaning ngagesang, kang patitis tan amamang,
iku ta panedhaningwang, muga ta kalampahana
Mudah-mudahan kalian meniru para leluhur, prihatin, bijak dalam
jiwa atas kesempurnaan hidup, cermat dan tidak ragu, itulah permohonanu,
semoga dapat terlaksana
24
Titi tamating carita, serat wawaler ing putra, kang yasa Shri
Maharaja, Pakubuwana Kaping Pat, karsane Shri Maharaja, ing galih
panedhanira, kang amaca kang miyarsa, yen lali muga elinga
Tamatlah cerita berupa nasihat bagi putraku. Yang menggubah
adalah Shri Maharaja Pakubuwana ke IV. Harapan Shri Maharaja kepada yang
membaca dan mendengar jika sedang lupa, ingatkanlah
25
Telase panuratira, Besar tunggal ping wolulas, Akad Pon, Dal
sinengkalan, tata guna sabdeng raja, masasta windu Sancaya, pamujinireng
kawula, ya Allah kang luwih wikan, obah osiking kawula
Tamatnya yang tertulis ini pada Ahad Pon, delapan belas Besar,
Dal Tahun 1735, mangsa kawolu, windu sancaya. Aku memuji Allah yang
mengetahui segala gerak hidupku.
0 komentar:
Posting Komentar