Serat Wulangreh ngrupiaken satunggaling genre salebeting khasanah
sasra Jawi, sanajan mboten sedanten kalebet teng saleneting teks wulang
sacaos sinurat anyebat atanapi kasebat teng tembung wulang kados dening
kang wonten teng judull punika. Sacaos harfiah, ‘wulang‘ artosipun weling atanapi wawaler.
wonten pinten-pinten teks kang kalebet teng salebeting wulang, di antawiseWulangreh, Wulang Putri, Wedhatama, Tripama, lan Sanasunu.
Teks-teks ingkang kasebat punika katahe ngrupiaken asil susastra
keraton, ingkang kawentar ngantos tebih sajawining tembok keraton
salebeting tataran kabudayan Jawi, sanajan lami-lami sacaos alon-alon
pupus dening dinamika kabudayan sastra Jawi ing atasing “Kebudayaan
Indonesia”. Mangga sami-sami mulasara kabudayan Jawi punika.
PUPUH I
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Pamedare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dhahat mudha ing
batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa
angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten
rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.
Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat meniru
para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin
disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri
untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan
tersia-sia, namun (hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga
isyarat ini menjadi jelas.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng
ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh
ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon
sampurna ugi, ing kauripanira.
Isyarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika kau
tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak
yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal
belum mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu,
berusahalah (memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.
03
Jroning Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih,
mundak katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun waskita,
sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua.
Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya yang
terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh
dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan
kau semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu,
maka bergurulah.
04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang
becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang
ngirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir
pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang
sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah.
Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak
mengharapkan imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah
05
Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja
sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen
lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang kiyase
papat iku salah siji, anaa kang mupakat.
Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai dengan
empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar adanya.
Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis,
ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.
06
Nora kena lamun den antepi, yen ucula sing patang prakara, nora enak
legetane, tan wurung ningal wektu, panganggepe wus angengkoki, nora kudu
sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam
nora nganggo den singgahi, bubrah sakehing tata.
Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal tadi,
karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’
sehingga yidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak
perlu tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.
07
Angel temen ing jaman mangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh
wong njaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang
netepi, ing panggawene sarak, den arani luput, nanging iya sasenengan,
nora kena den uwor kareping janmi, papancene priyangga.
Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman ini.
Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika
seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah dianggap
salah. Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan
orang, masing-masing memiliki perbedaan.
08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang golek sabat, tuhu
kuwalik tingale, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid,
ingkang padha ngupaya, kudu anggeguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru
naruthuk ngupaya murid, dadiya kanthinira.
Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari murid,
itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu.
Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak
begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai
pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu
Kinanthi).
Bagus banget. menambah wawasan. Ijin mencatat
BalasHapusBahasa Banyumasannya tidak ada
BalasHapus